Blinking Cute Box Cat

Selasa, 04 Maret 2014

Sesorah perpisahan



Assalammualaikum Wr.Wb.
       Ibu Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang kula hormati. Kanca-kanca SMP N 2Godean ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Allah SWT. ingkang paring rahmat lan hidayahipun, saengga kita sedaya saget kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 punika.
      Kula siswa kelas 9 ingkang mewakili kanca-kanca kelas 9 ngaturaken matur nuwun sanget kagem  sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakanca dangunipun tigang warsa. matur suwun sanget kula piambak kalian wakilipun sedoyo kanca aturaken kagem bapak ibu guru. Mboten ketilar kulo selaku wakilipun kelas 9 ngaturaken gunging samudra bapak ibu guru sedaya supados kersa ngapuntenaken sedaya klenta klentu kula lan sak kanca.
      Kula sakanca inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakanca saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakanca. Ugi nyuwun donga supados kula sakanca saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bangsa lan negara.
Kula inggih gadhah sekedik pesen kangge adhek-adhek kelas 7 kaliyan 8 supados sinau ingkang sregep. Kedah emut marang ajaran islam perkawis manfaataken wekdal, wekdal punika gentos ning mboten keraos pramila ampun ngantos leno deneng ngisi wektu, ibadah kalian sinau.
        Ing pungkasaning atur, mbok bilih wonten klenta-klentu atur kula nyuwun aguning pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar